Harga Jagung Per Kg

Insiden
2024-07-14 12:16:00

Riyad

Ijin melaporkan ???????? Sik tas jam 10:00 awan mau aq pas muleh ko sawah (mbayoni) Laaa,,kaet nutuk omah durung ndeleh speda ktemu buklek q takon regone jagung garing, buklek ndue jagung garing(wes dipepe 3 dinoan). Ahire aq ndak sido ndeleh speda, langsuung cuuuus aq nggolek dagang jagung skitaran kene. Nutuk gudange pnimbang (tak singkat crito q) tk takoni, *piro jagung garing saiki bos?? *pnimbange njawab 3300 (TELLUNGEWU TELUNGATOS) SAK KILOOOOne Mek takon tok aq ???????? (nggolek rego disek) Ahire budal neH aq nang pnimbang sitok,e. Nutuk kunu yo podo mek takon pisan, Gletek.e REGONE malah 3200 (TELLONGEWU RONGATOS) ???????? Jam 11:14 muleh aq nang omah, tak wara nang BUKLEK nek JAGUNG regone 3200/3300 perkilone. Ahire gk sido didol/setorno mergo murah. Pakpok hasil.e panen JAGUNG saiki ambek biaya nandur sampek ngrumat. Iki durung biaya sing arep tak cemplungno maneh. ???????????? Tapi nek mbutuh biaya yo setorno pisan sok-kesok. ???? Weeeees alhamdulillah pokok uwonge sik sehat ndak kterak wabah.. Jajal takon aq.. Mnowo dek grup resmi iki onok dulur2 tani sing senasip..?? Harga jagung terendah teko pemerentah opo yo ditetapno..?? Jenis jagung BISI 2 Tkp deso tekung Poktak kembang tani. Salam tani ????????

Belum Ada Tanggapan