Verfikasi Dan Pencairan Dana Di BRI

Pertanyaan
2024-10-10 13:12:00

Reydo Julio

Bos aq entok sms teko BRI jare aq entok Banpress kongkon budal nang BRI gowo E-KTP jare boss.. Pertanyaanku sing pertama, La Banpress iku opo.. Presspeleg ta?... Lek pressbody aq faham, opo Bansos ta mksd e salah ketik, lek Bansos ancen winginane dowo iku aq ngurusi bansos nang kantor e pemerentah ndek majang, opo iku yo.. Pertanyaan sing kedua lek ancene bansos, iku temenan ta bos? moro penipuan bos Aku kudu yaopo iki jelas e aq takon disek ndek forum iki selaku pengendali kebenaran info ttg lumajang sakdurung e budal nang BRI, Kuwater moro penipuan polae meh bendino awak yo di sms BRI jare oleh avanza, lek tak iyoi paling saiki wes bukak rental onok lek seminggu sepisan entok sms gebyar BRI entok avanza ndak tak reken .. Pertanyaan teraker lek ancen bener aq rono gowo opo ae bos polae omaku adoh iki kunir , gowo ktp karo KK opo yaopo opo kudu ngurus surat maneh. Terus iki lek ancen bener rencanane senen aq budal nang BRI, la iki kudu nang BRI kota opo BRI kunir iso mumpung durung awak keliru panggon iki takon sek Polae sms e mek ngunu tok anda terverikisasi Banpres mohon datang ke BRI bawa e-ktp, ngunu muni sms e. .. Mohon enfo ne bos menowo temen alkamdulilah oleh dana maneh iki teko pemerenta emben tak soduk maneh kopyah e jokowi. Lek ancen penipuan ndak tak reken wes. Ok bos suwun sakdurung e tak lanjut ngoli maneh..

Telah Diselesaikan
2024-10-10 11:15:00

Pengelola Lapor Lumajang

Ayung AyundaDi lihat nomernya lur, kalo yg asli langsung dari BRI-info langsung ngurus ke kantor cabang BRI insyaallah langsung cair saya juga langsung cair..